Kamis, 31 Oktober 2013








Teks pranatacara ini juga saya buat saat saya kelas IX. Ujian Praktiknya salah satunya membuat teks pranatacara. Pranatacara dalam bahasa indonesia adalah MC.

Assalamu’alaikum Wr.Wb

            Para rawuh ingkang satuhu kinormatan, mangga kita ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung , ingkang sampun maringi mapinten-pinten kanikmatan, kasarasan, lan karohmatan  saengga kita saged kempal wonten ing papan puniki acara Pelepasan kelas IX SMP N 1 Pleret angkatan 2011/2012 tanpa alangan punopo .
            Sholawat serta salam tansah kita ngaturaken marang Nabi Agung kita Muhammad SAW , ingkang kita anti-anti safa’attipun ing yaumul qiyamah . amin
            Para rawuh ingkang kula kurmati , saderengipun adicara kawiwitan kepareng kula ngaturaken tuntuting adicara ing enjing menika .
1.      Pambuka
2.      Pangandikan-pangandikan
3.      Sumening
4.      Pungkasan

Bapak ibu lan sederek sedaya mangga kita buka kanthi waosan basmallah
mugi-mugi acara punika saged lancar .
            Acara saklajengipun pangandikan , pangandikan ingkang sepindhah menika saking bapak kepala sekolah , dumateng bapak Eko Sulistiyono  kula sumanggakaken .
(.........)
            Matur suwun dumateng bapak Eko Sulistiyono  ingkang sampun maringi pangandikan .

            Pangandikan ingkang kaping kalih inggih menika wakilipun kelas IX , dumateng Rida Lestari kula sumanggaken .
(......)
            Matur suwun dumateng Rida Lestari ingkang sampun maringi pangandikan.

            Adicara saklajengipun inggih menika atur pambagya saking ketua OSIS minangka wakilipun siswa kelas 7 lan 8 . Dumateng Ayu Dewi wekdal saha papan kula sumanggaken.
(......)
            Matur nuwun dumateng ketua OSIS , mugi-mugi andadosaken penggalih panjenengan sedaya .
            Acara saklajengipun inggih menika sumening , gegandhengan sampun cumwis daharan saha unjukan monggo kita dahar sesarengan.
Mboten ngirangi anggenippun dahar lan ngunjuk mangga kita tutup acara puniki kanthi waosan  hamdallah ...
           
Wassalamu’alaikum Wr.Wb

13 komentar: