Kamis, 31 Oktober 2013





Ini adalah teks sesorah perpisahan wakil kelas 7 & 8 saat SMP. Sesorah ini saya buat untuk ujian praktik saat SMP.




Assalamu’alaikum Wr.Wb

          Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni , Bapak ibu guru ingkang dahat kinurmatan ,lan  raka kelas IX ingkang kula tersnani.
Mangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng gusti ingkang Maha agung , ingkang sampun maringi mapinten-pinten kanikmatan , saengga kita saged makempal ing papan puniki tanpa alangan punopo .
          Sholawat serta salam tansah kita ngaturaken marang Nabi Agung kita Muhammad SAW , ingkang kita anti-anti safa’attipun ing yaumul qiyamah . amin
          Raka kelas tiga ingkang sakedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan SMP N 1 Pleret puniki . Sejatosipun kula minangka wakulipun kelas setunggal saha kalih anggen kula ngaturaken penampi atur perpisahan saking raka kelas tiga . Raka kelas tiga ingkang sampun kula anggep sederek piyambak.
          Raka kelas tiga kula ngraosaken bingah dene panjenengan sampun kasil medhal saking pamiyatan puniki kanthi ngantongi Tanda Tamat Belajar . Saenggo kula mboten kuwawa nggondeli malih anggen panjenengan nglajengaken pasinaon wonten ing pawiyan luhur .
          Raka kelas tiga , kula minangka wakil kelas satunggal saha kalih , ngaturaken sagunging panuwun , dene raka kelas tiga sampun ikhlas maringi pitedhah-pitedhah . Mboten langkung kula namung saged paring pudya dhumateng raka kelas tiga , mugi-mugi ingkang gadhah angkah badhe nglajengaken wonten ing pawiyatan sagede ketampi , lan ingkang badhe langsung nyambut damel sagede enggal angsal padamelan ingkang trep kaliyan pangertosan ingkang sampun dipun angsu wonten ing pawiyatan puniki .
          Kula cekapi atur panampi pamitan puniki menawi wonten klenta-klentu kula tansah nyuwun agunging pangaksama . Matur nuwun

          Waasalamu’alaikum Wr.Wb
         

2 komentar:

  1. Para rawuh ingkang kinurmatan, wonten ing tanggal 21 April punika inggih tanggal lahiripun Raden Ajeng Kartini. Raden Ajeng Kartini punika salah sawijining kusuma bangsa ingkang memperjuangaken emansipasi wanita saengga kanthi wekdal punika para wanita saged nyambut damel sesarengan priyayi kakung. Pramila saben tanggal 21 April bangsa Indonesia mengeti minangka dinten Kartini.
    Pengetan punika ugi kangge atur panuwun dhumatheng Raden Ajeng Kartini, awit saking perjuanganipun ngantos wekdhal punika para wanita saged nggadahi drajat ingkang sami kaliyan priyayi kakung.
    Dhumateng para mudha, sumangga sareng-sareng nyengkuyung mbangun negari ingkang adil, makmur, lan rukun.
    Punika ingkang saged kula aturaken, kathah kalepatanipun atur saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.
    Matur nuwun,

    BalasHapus